Manut asal-usuling tembung geguritan asale saka
tembung “gurit” sing tegese kidung, tembang utawa tulisan sing wujude ukiran
utawa tatahan. Geguritan uga diarani guritan yaiku puisi Jawa. Geguritan
duweni teges : rumpakan mawa basa Jawa kang isine ngenani wedharing gagasan
panguneg-uneg saka njeroning ati panganggite kang nuduhake rasa susah, bungah,
marem, kuciwa lsp ana ing jero geguritan. Gawe geguritan nduweni paugeran kang
gumathok ana ing jero geguritan. Paugerane yaiku:
Paugerane geguritan:
1. Ora kaiket wewaton guru gatra,
guru wilangan, lan guru lagu.
2. Luwih ngutamakake babagan
isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.
3. Kanggo nambah kaendahan basa
nggunakake purwakanthi sawetra bae.
4. Isi pitutur, piweling, kritik,
protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane.
Langkah Langkah kanggo mahami sawijining geguritan:
1. Wacanen geguritan kanthi
permati, yen perlu dibolan baleni.
2. Gatekna hubungan larik ukara,
banjur wewehana tandha kanggo munggel (jeda), upamane punggel sauntara wewehana
tandha (/) lan kanggo sigeg wewehana tanda (//).
3. Golekna teges tembung tembung
kang kok anggep angel, kanthi terus dieling eling, menawa tembung tembung
sajarone geguritan bisa duwe teges lugu, entar, bisa uga lambang utawa
gegambaran.
4. Perlu digatekaku menawa saben
karangan mesthi duwe pesen utawa amanat kang kepingin disampekake marang
pamaca.
5. Tambahana tembung utawa wanda
saengga ukarane dadi sedherhana lan gampang dimangerteni.
Sawijining geguritan duwe
struktur batin utawa hakekat sing dumadi saka: tema, suasana, nada lan amanat,
kang mujudake jiwaning geguritan kang ora bisa dipisahake.
Rangkuman Geguritan:
1. Nada
Nada ing geguritan yaiku sikap
batin panganggit, sing arep diekspresiake marang pamaca. Ana nada nuturi,
panyaruwe, nyindhir, berontak, meri, drengki, sedhih, kuciwa, benci, bungah,
lan sapanunggalane.
2. Suasana
Suasana batin pamaca, akibat
sawise maca geguritan.
3. Irama
Irama uga diarani ritme, yaiku
salah sijine unsure kang ana gandheng cenenge karo bab bab kang sarwa teratur
4. Pilihan Tembung
Pilihan tembung uga diarani
diksi, kanggo ngasilake geguritan kang trep, pangaggit mesthi mikirake pilihan
tembung kang mathuk. Dene tembung tembung kang digunakake ana kang duwe teges
lugu utawa apa anane (Denotatif), Tembung kang duwe teges entar utawa ora
sabenere (konotatif), gambaran utawa pralambang.
5. Tembung entar
Mujudake tembung kang tegese wis
owah saka teges kang baku.
6. Pralambang
Pralambang iku kena dianggep kaya
dene pasemon. Tembange liya pralampita, wujuding pralambang warna warna, ana
kang wujudake gegambaran utawa pepethan, solah bawa barang utawa basa.
7. Purwakhanti
Tembung "purwa tegese
wiwitan, ngarep. dene tembung "kanthi tegese kanca, gandheng,
karo,nganggo. Purwakanthi kena ditegesi gandheng karo ngarep. Kang dikarepake
"purwakanthi" yaiku tetembungan kang runtut karo tembung mburine,
ngenani bab swarane, sastra utawa tembunge.
Purwakanthi kena digolongake dadi telu,yaiku:
a. Purwakanthi guru swara
Diarani purwakanthi guru swara,
jalaran ing kono tinemu rujukan swara utawa runtuting swara siji lan sijine.
b. Purwakanthi Guru sastra
Manawa purwakanthi guru sastra
ing kono sing rujuk sastrane utawa tulisane. Tuladha:
c. Purwakanthi Lumaksita
Tembung "lumaksita"
tegese lumaku. ing kene tembung tembung, utawa ukara ing mburi runtut karo
tembung tembung ngarepe. Runtuting tembung ora mesthi satembung wutuh, kadhang
kala mung saperangan utawa sawanda bae. Mula ukara ukarane uga katon runtut lan
sambung sinambung, kepenak dirungokake.
Tuladha geguritan ingkang sae:
Eling
Manungsa ora bisa nyegah
kekarepane
Negor wit-witan sasenenge
dhewe
Alas-alas entek wit-witane
Mung kari suket-suket sing
dadi kanca lawase
Yen ana bajir amarga kali kebak sampah, banjur ilinga
Yen ana limbah agawe rusak ing banyu, banjur ilinga
Yen ing saben panggonan kebak bledug
amarga bakaran alas, banjur ilinga
Yen bumi iki tansah panas saya dina, banjur ilinga
Wong-wong sing ora dosa
Kudu nandhang sengsara lan
cilaka
Kelangan bandha donya
Manungsa padha elinga
Kelangan raja brana uga nyawa
Manungsa padha elinga
Jagad iki kudu dijaga
Aja kokrusak, kokentekna